Sawise menang perang mungsuh Korawa, Pandhawa masrahake kraton Ngastina marang putu-putune. Sing diwisudha minangka raja Parikesit, anake Abimanyu, putune Arjuna. Baladewa dipasrahi tanggungjawab momong raja enom kuwi mau. Dene Pandhawa: Puntadewa, Wrekodara, Arjuna, Si kembar Nakula lan Sadewa budhal munggah gunung Himalaya. Drupadi melu. Wong enem mlaku tumuju puncaking gunung kanggo nggayuh kasampurnan, nuduhake anggone lila-legawa ninggal gumebyare donya.
Wong enem mlaku tanpa sangu apa-apa. Ora nggawa gaman. Tanpa sangu pangan. Lan salin sandhangan klikane kayu. Tanpa paesan. Tanpa rerenggan. Mung sangu niyat: muga-muga diparingi lilah mati mlebu swarga. Lagi tekan tengah-tengah Drupadi ambruk. Lemes-dhimpes ora kuwat mbacutake laku. Wrekodara gupuh arep nggolekake banyu ngombe nanging dipenggak dening Puntadewa. “Aja. Wis dadi pesthine Drupadi kudu mati sadurunge tekan ndhuwur kana. Sangune kurang resik sebab selawase dadi bojoku batin atine luwih nresnani Arjuna,” ujare Puntadewa.
Mati siji. Kari wong lima. Mbacutake laku munggah gunung. Durung nganti suwe genti Sadewa sing ambruk kentekan daya. Wrekodara tanggap. Adhine ora gelis ditulungi. Malah banjur takon marang kakange mungguh apa kekurangane Sadewa. Puntadewa kandha menawa cacade Sadewa siji: selawase urip dheweke rumangsa pinter dhewe. Kuwi dosa gedhe. Kuwi sing njalari Sadewa mati ing satengahe laku.
Kari wong papat. Nalika lagi menyat padha arep mbacutake laku ujug-ujug Nakula ambruk ditampani Arjuna. Wrekodara takon marang Puntadewa mungguh cirine Nakula. Ujare Puntadewa, sing njalari Nakula ora sampurna yaiku watake sing rumangsa bagus dhewe.
Wis mati telu. Kari telu. Laku dibacutake. Nanging durung nganti salin dina Arjuna ambruk rumangsa ora kuwat. Ngrumangsani wis meh mati, Arjuna takon marang Puntadewa ngenani dosa gedhe sing njalari batal kasampurnane. Puntadewa nerangake yen dosane Arjuna sing paling gedhe yaiku ing nalika sumpah sesumbar arep ngrampungi perang Bharatayudha ijen ora luwih saka sedina. Kuwi nuduhake yen Arjuna keladuk sesongaran kaya ampuh-ampuha dhewe. Lan nyatane perang rampung sawise pitulas dina. Nyatane ora mung ditandangi Arjuna dhewe.
Sawise krungu wangsulane Puntadewa sing cetha, Arjuna angles bablas mati. Mung kari wong sejodho: Wrekodara lan Puntadewa. Wrekodara nggembol bungah sebab kuwat mlaku meh tekan pucuke Himalaya. Durung nganti rasa bungahe kegembol suwe kedadak dheweke dhewe uga ambruk. Puntadewa nerangake menawa Wrekodara uga ora bakal kuwat ngrampungake laku jalaran kabotan dosa gedhe. “Dosamu sing gedhe yaiku tansah ngumbar nepsu nuruti rasa luwe, nguja weteng, mangan tanpa ukuran selawasmu urip.”
Wrekodara banjur mati. Saiki kari wong siji. Puntadewa sedhih. Batine ngresula. Kabeh digetuni. Sing ijen kepengin awor wong akeh. Nanging kena apa bareng kumpul wong liya kaprahe manungsa malah seneng polah ngijeni?
学习第一,灌水第二,拜读大博!
天气越来越冷了,躲在家里刷刷博客也挺好!
Pancen Angel golek Swarga LAN lilahe lillah. Ora gampang tenan. Ketemu awake Dewe ketemu suwung ketemu dzat LAN nglanglang jagad ora jaminan. Mung dadi wong sing ora nglarani liyan seneng becik marang liyan ugo yakin esa ne Gusti Allah muga bisa dadi dalane.
天冷,窝在家里刷刷您的博客!
Awesome post! Keep up the great work! 🙂
Great content! Super high-quality! Keep it up! 🙂
You’re great. Learn from you!
May the world be free from disease
疫情还未结束,还是祝愿人类和平吧!